3. Papan kanggo nyimpen pari diarani lumbung.Tulisen pangrimbage tembung nyimpen
Wangsulan
➡️ Pangrimbage tembung nyimpen yaiku any- + simpen.
Penjelasan
- Tembung nyimpen asale saka tembung lingga simpen, banjur entuk ater-ater ny- supaya dadi nyimpen.
_____________________
☞ Ater-ater yaiku wuwuhan sing manggon ana ing sangarepe tembung.
>> Ater-ater kaperang dadi :
- ☞ Ater-ater anuswara (am, an, any, ang)
Tuladha :
> Am + bathik » mbathik.
> An + thuthuk » nuthuk.
> Any + sapu » nyapu.
> Ang + gambar » nggambar.
- ☞ Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
Tuladha :
> Daktimba, koktimba, ditimba.
> Dakpilih, kokpilih, dipilih.
- ☞ Ater-ater liyane (ma, ka, ke, sa, pa, pi, pra, kami, kapi, tar)
Tuladha :
> Ma + guru » maguru.
> Ka + sapu » kasapu.
> Ke + sandhung » kesandhung
> Sa + omah » saomah.
- ☞ Seselan yaiku wuwuhan sing manggon ana ing tengahe tembung. (in, um, er, el)
Tuladha :
> In + tulis » tinulis.
> Um + guyu » gumuyu.
> Er + kelip » kerelip.
> El + kepyur » kelepyur.
- ☞ Panambang yaiku wuwuhan sing manggon ana ing mburine tembung.
Tuladha :
> Siram + en » siramen.
> Resik + ana » resikana.
» DETAIL JAWABAN «
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas : 7
Materi : Piwulang – Ater-ater
Kata Kunci : Pangrimbage nyimpen
Kode Soal : 13
Kode Kategorisasi : 7.13
—————————–
Semoga membantu.