5. Kadamela ukara ngagem basa krama alus ngagem tembung ing ngandhap!

Posted on

a. midhangettaken
b. nitih
c. dhahar​

5. Kadamela ukara ngagem basa krama alus ngagem tembung ing ngandhap!

Wangsulan

a. Midhangetaken

>> Ukara :

  • Eyang midhangetaken piwucal agami Islam saking Kyai Haji.
  • Para siswa-siswi sami midhangetaken sesorah ingkang dipunaturaken dening Pak Widodo.

b. Nitih

>> Ukara :

  • Pakdhe tindak dhateng Semarang nitih bis.
  • Ibu mundhut sayur dhateng peken nitih sepedha motor.

c. Dhahar

>> Ukara :

  • Eyang saweg dhahar bubur ayam wonten pawon.
  • Kalawau bapak dhahar soto wonten warung.

Penjelasan

  • Midhangetaken tegese ngrungokake.
  • Nitih tegese numpak.
  • Dhahar tegese mangan.

_______________________

Krama Alus

» Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama Alus kabeh ora kacampuran tetembungan Krama lugu. Dene tembung sing perlu dikramakake yaiku wonge, tumindake, lan barang kang dadi duweke.

—☆ Panganggone beda-beda, tumrap :

1) Wong sing sadrajad utawa padha pangkate, sing padha ngajeni

2) Wong sing luwih dhuwur drajate

3) Wong luhur kang durung nate tepung lan durung akrab

4) Wong enom marang wong tuwa

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Pak, kalawau pak Lurah tindak mriki madosi panjenengan.

4. Amarga sampun siyang, panjenengan sakmenika kedah dhahar wonten mriki

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 – Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Ukara midhangetaken, nitih, dhahar

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

—————————–

Semoga membantu.