Kang dadi sebab perang barathayuda yaiku

Posted on

Kang dadi sebab perang barathayuda yaiku

Perang Baratayudha yaiku perang antaraning Pandhawa lan Kurawa. Dumadine perang iku disebabake Kurawa ora gelem mbalekake Keraton Ngastina kang sabenere dadi hake Pandhawa. Wis pirang-pirang cara dilaksanakake kanggo njaluk Ngastina kanthi apik-apik, ananging Kurawa tansah mblenjani. Sing paling keri yaiku nalika Sri Kresna diutus dadi dhuta Pandhawa menyang Ngastina supaya Baratayudha ora kedadeyan. Ananging malah Sri Kresna ngamuk amarga ora diajeni dening Kurawa.