Ppp tolong bantujangan ngasal​

Posted on

Ppp tolong bantujangan ngasal​

Ppp tolong bantujangan ngasal​

Wangsuli pitakon

1. 1. Contone legenda :

  • Tangkuban Prau
  • Malin Kundang
  • Sangkuriang

2. Contone mitos :

  • tangan yen kringeten kuwi mratandha lara jantung.
  • kerokan kuwi bisa ngilangake masuk angin.
  • motoran wengi bisa njalari lara paru paru basah.

2. Negesi tembung entar :

a. dawa tangane tegese seneng njupuk barange liyan.

b. jembar segarane tegese sabar.

c. cilik atine tegese kwatir.

d. landhep dengkul tegese kethul banget.

____________________________

Pembahasan

Legenda, yaiku dongeng sing nyritakake kedadeyan asal usul utawa papan Panggonan sing dipercayani dening masarakat menawa kedadeyan iku pancen ana.

Ciri ciri legenda :

  • critane dianggep kedadeyan sing bener bener ana.
  • nduweni sifat sekuler utawa kadonyan.
  • nduweni sifat sejarah utawa akeh sing ngalami.
  • papan Panggonan pindhah pindhah saengga akeh sing wis kenal miturut papane dhewe dhewe.

Jinisning legendha ana 4 :

  • legenda keagamaan
  • legenda alam ghaib
  • legenda nyawiji
  • legenda lokal

Mitos, yaiku dongeng sing nyritakake lakuning manungsa sing miturut masarakat wis dianggap suci lan biasane kedadeyan kuwi ing jaman biyen nganthi saiki isih dipercaya.

Ciri ciri mitos :

  • dipercaya menawa kedadeyan iku ana amarga tansah disengkuyung dening masarakate.
  • sanajan aneh, nanging migunani dening masarakate.
  • ceritane sederhana lan nduweni ragam Carita.
  • Carita kasebut dianggap suci lan dikramatke.

Jinising mitos ana 5 :

  • mitos penciptaan
  • mitos kosmogenik
  • mitos asal usul
  • mitos theoginik
  • mitos anthropogonik

Tembung entar yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji lan duwe ateges bedha saka asline.

tuladhane :

  • Abang kupinge tegese nesu.
  • adus kringet tegese nyambut gawe abot.
  • cupet atine tegese gampang nesu.
  • entheng tangane tegese seneng tandhang gawe.
  • lsp

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 9
  • Materi : Legenda, mitos lan Tembung entar.
  • Kode : 13