Kaladuking panyandra ayuning patah sakembaran kaya widadari tumurun, tansah asung puji pangastuti dhumateng sri penganten sekaliyan mugi tansah kinalisaken ing sukerta, cinaketna ing nugraha nganti tumekaning kaki-kaki lan nini-nini, tansah tinangsulan reh darmaning palakrama awewaton wetahing sutresna ingkang suci. Gebyar- gebyar pating pancurat pating palancur kadi taranggana silih sasana, endah edi raras kawuryan, lah punika ta angagemane sri penganten sarimbit. Sri penganten kakung mangagem makutha (dhestar rukmi ginepeng), pinatik kumala, pinatut dening sesumping kembang kanthil miwah dhasi munggwing jangga lir ginupit, datan kantun ngagem sangsangan kencana ingkang carub wor kalawan sangsangan puspita rinonce munggwing jangga tumumpang pamidhangan kanan kering, kawuryan ngegla yayah taksaka munggwing situ banda layu, kaya ula kang ngleker ing uwit, wimbuh saya akarya bregasing penganten kakung. Atela corek langenarjan awarni kresna sinulam benang kencana pating calorot cahyane kena soroting pandam kurung ing madyaning pahargyan yen ta cinandra pindha gumelaring akasa kang kebekan taranggana. Paningset cindhe puspita, epek baludru pinalipit rukmi pinetha modangan (untu walang), wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggak semi sinosotya, dhuwung tinatah tinatu rengga sarta sinung gegombyok puspita rinonce, ebah-ebah kinarya lumaksana kadulu saya amimbul pekiking penganten kakung, nyamping sidamukti pinarada, kacihna lamun nedy sesarengan nggayuh kamukten apancadan kaleksananing palakrami.

Posted on

gantinen tembung ing ndhuwur dadi basa ngoko!​

Atela corek langenarjan awarni kresna sinulam benang kencana pating calorot cahyane kena soroting pandam kurung ing madyaning pahargyan yen ta cinandra pindha gumelaring akasa kang kebekan taranggana. Paningset cindhe puspita, epek baludru pinalipit rukmi pinetha modangan (untu walang), wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggak semi sinosotya, dhuwung tinatah tinatu rengga sarta sinung gegombyok puspita rinonce.