Ukara ing ngisor Iki tulisen nganggo aksara Jawa! 1. Wati sinau basa Jawa 2. Simbah ngunjuk wedang kopi 3. Bapak tindak dateng Semarang nitih kreta 4. Budhe dhahar sekul goreng​

Posted on

Ukara ing ngisor Iki tulisen nganggo aksara Jawa! 1. Wati sinau basa Jawa 2. Simbah ngunjuk wedang kopi 3. Bapak tindak dateng Semarang nitih kreta 4. Budhe dhahar sekul goreng​

Nulis aksara jawa

jawaban terlampir

Pembahasan

Nulis aksara jawa iku sing kudu dimangerteni yaiku pasangan lan sandhangane.

1. Wati sinau basa Jawa = ꦮꦠꦶꦱꦶꦤꦲꦸꦧꦱꦗꦮ

  • wati sinau = aksara Wa, aksara Ta + wulu, aksara Sa + wulu, aksara Na, aksara Ha + suku
  • basa Jawa = aksara Ba, aksara Sa, aksara Ja, aksara Wa.

2. Simbah ngunjuk wedang kopi = ꦱꦶꦩ꧀ꦧꦃꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦮꦺꦢꦁꦏꦺꦴꦥꦶ

  • Simbah ngunjuk = aksara Sa + wulu, aksara Ma (sigeg), pasangan Ba + wignyan, aksara Nga + suku, aksara Nya (sigeg), pasangan aksara Ja + suku, aksara Ka (sigeg)
  • wedang kopi = pasangan aksara Wa + taling, aksara Da + cecak, aksara Ka + taling tarung, aksara Pa + wulu.

3. Bapak tindak dateng Semarang nitih kreta = ꦧꦥꦏ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦢꦠꦼꦁꦱꦼꦩꦫꦁꦤꦶꦠꦶꦃꦏꦿꦺꦠ

  • bapak tindak = aksara Ba, aksara Pa, aksara Ka (sigeg), pasangan aksara Ta + wulu, aksara Na (sigeg), pasangan aksara Da, aksara Ka (sigeg)
  • Dateng Semarang = pasangan aksara Da, aksara Ta + pepet + cecak, aksara Sa + pepet, aksara Ma, aksara Ra + cecak
  • nitih kreta = aksara Na + wulu, aksara Ta + wulu + wignyan, aksara Ka + cakra + taling, aksara Ta.

4. Budhe dhahar sekul goreng = ꦧꦸꦝꦺꦝꦲꦂꦱꦼꦏꦸꦭ꧀ꦒꦺꦴꦫꦺꦁ

  • budhe dhahar = aksara Ba + suku, aksara Dha + taling, aksara Dha, aksara Ha + layar
  • sekul goreng = aksara Sa + pepet, aksara Ka + suku, aksara La (sigeg), pasangan Ga + taling tarung, aksara Ra + taling + cecak.

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 4
  • Materi : Nulis aksara jawa
  • Kode : 13

Gambar Jawaban