Ukara ing ngisor iki owaha dadi basa krama alus

Posted on

1. Bapak lunga menyang kantor karo ibuku numpak sepur
2. ibu nangis amarga ngerti adikku tiba
3. simbah ngombe obat nganggo banyu putih
4. aku turu nalika bapak wis turu
5. kang masku karo adikku makan bakso entek seket ewu​

Ukara ing ngisor iki owaha dadi basa krama alus

Wangsulan

◉ Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus :

  1. Bapak tindak dhateng kantor kaliyan ibu kula nitih sepur.
  2. Ibu muwun amargi ngertos adhi kula dhawah.
  3. Eyang ngunjuk usada ngagem toya pethak.
  4. Kula tilem natkala bapak sampun sare.
  5. Kangmas kula kaliyan adhi kula nedha bakso telas seket ewu.

Penjelasan

☞ {Krama alus}

→ basa kang wujude kabeh tembunge migunakake basa krama lan krama inggil.

Panganggone Krama Alus :

a. Wong enom marang wong tuwa.

b. Batur marang bendarane.

c. Murid marang gurune.

d. Andhahan marang pimpinane.

e. Kanca karo kanca sing durung kulina.

Titikan/Ciri-ciri Krama Alus :

– Tembung-tembunge krama kecampur Krama Inggil.

– Ater-ater lan panambang dikramakake.

– Tembung aku owah dadi kula.

– Tembung kowe owah dadi panjenengan.

– Kang dikramakake inggil perangan awak, sandhangan lan kriyane wong sing diajak guneman lan wong sing di gunem.

Tuladha :

1. Dalemipun panjenengan wonten pundi?

2. Bu, panjenengan dipundhawuhi eyang sowan mrika sakmenika.

3. Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng eyang, kula badhe tumut.

☞ {Krama Lugu}

– » Wujud basane kanthi tembung-tembung Krama lugu ora dicampuri tetembungan Krama inggil apadene ngoko.

Titikan/Ciri-ciri Krama Lugu :

– Tembung-tembunge krama ora kecampur Krama Inggil

– Ater-ater lan panambang dikramakake.

– Tembung aku owah dadi kula.

– Tembung kowe owah dadi sampeyan.

– ☆ Tuladha :

1. Sampeyan sampun nedha kalih napa?

2. Griya sampeyan pundi, Sri?.

3. Dipun entosi sekedhap nggih, Nak.

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 1 – Unggah-ungguh basa

Kata Kunci : Basa Krama Alus

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.1

—————————–

Semoga membantu.