1.Ukara iki owahana dadi basa ngoko alus!

Posted on

a. Bulik Marpuah ngombe obat Bintang Toedjo soale lagi lara sirah.
Wangsulan:
b. Aku diganyami bu guru amarga ora nggarap PR toline aku dikongkon ngadeg
ing ngarep kelas.
Wangsulan:
2.Gawea pacelathon nggunakake unggah-ungguh basa ngoko alus antarane bocah
karo bocah ngandhakake wong tuwa kanthi tema kesehatan!
Wangsulan:​

1.Ukara iki owahana dadi basa ngoko alus!

1. a). Bulik marpuah ngombe obat bintang toedjo soale lagi lara Sirah.

➡️Basa Ngoko Alus : Bulik Marpuah ngunjuk obat bintang toedjo soale lagi gerah mustaka.

b). Aku diganyami Bu guru amarga ora nggarap pr online, aku dikongkon ngadheg ing ngarep kelas.

➡️Basa Ngoko Alus : Aku disrengeni Bu guru amarga ora nggarap pr online, aku diutus jumeneng ing ngarep kelas.

2. Nggawe pacelathon tema Kesehatan.

➡️Husna : Mbak Nisa, panjenengan apa arep bidal sekolah?

➡️Nisa : Iya, memange ana apa ta?

➡️Husna : Cuma ngemutaken, aja supe njaga kesehatane, ikuti aturane protokol kesehatan.

➡️Nisa : o iya, nek kuwi ora lali aku.

suwun ya!

Husna : Inggih…:)

Pembahasan :

➡️ Unggah ungguh ing basa ana 2 :

  1. Basa Ngoko
  2. Basa Krama

➡️Basa Ngoko uga ana 2 :

  1. Basa Ngoko lugu yaiku basa sing tembung-tembunge nggawe basa Ngoko kabeh tumrap wong sing diajak guneman.
  2. Basa Ngoko Alus yaiku basa sing tembung-tembunge wis kecampuran antara basa Ngoko Karo basa Krama.

Detail Jawaban :

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : VII
  • Materi : Unggah ungguh basa
  • Kode : 13
  • Kode kategorisasi : 7. 13. 1