Gawekno geguritan bahasa jawa model definisi

Posted on

Gawekno geguritan bahasa jawa model definisi

Jawaban Terkonfirmasi

Geguritan yaiku puisi basa jawa kang ora kaiket marang paugeran tertemtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti.

Paugeraning Geguritan:

  1. Ora kaiket marang guru gatra, guru swara, guru lagu lan guru wilangan.
  2. Ngutamakake isine kang endah, apik lan becik.
  3. Migunakake purwakanthi sawetra wae kanggo nambahi kaendahan basane.
  4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Pembahasan

Conto Geguritan basa jawa:

Gurit Katresnan

Katresnan iku geguritaning urip sejati

pepadang sajroning pepeteng

biso digawe nannging ora biso digawe-gawe

Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumndak dudu

Kayadene: Drengki, Srei, dahwen lan pati open

Katresnan iku larang regane ora biso dituku

lan ditiru sarono bondo dunyo lan rojo brono

Liyana, jalaran toh-tohane nyowo

katresnan iku dalan kang tumuju marang bener

kebak dening roso lan pepadhang

Lilo lan legowo lair thumusing bathin

kaya dene gegodhongan kang gogorog saka uwit

ora ngarep-arep bakal baline

melu ngrasakake panandhanging liyan

katresnan iku ora mbedak-mbedakake

Cendek duwuring pangkat

asor luhuring drajat

lan gegebenganing urip kang rinasuk

anane mung welas lan asih

suka pitulung marang sapa bae

Pelajari Lebih Lanjut

  1. brainly.co.id/tugas/1457928

Detil Jawaban

Kelas: SMA

Kategori: Geguritan

Mapel: B Jawa

Kata kunci: Gurit Katresnan