22. Ukara ing ngisor iki kang ora ngandhut tembung

Posted on

andhahan kang kawuwuhan ater-ater tripurusa
yaiku
a Mau esuk adhiku mangkat sekolah
dhewekan.
b. Buku sing ana ing dhuwur meja mau
dakgawa
c. Dhuwit titipanku mau apa wis kokwehne
mbakmu?
d. Bolpenmu mau disilih Ina.
23. Dadi anak mono aja seneng ngabangake
kuping wong tuwa. Tembung ngabangake
kuping tegese
a kurang dipercaya
b. gawe nesu
c. tatune nemen banget
d. susah
24. Mbah Soma nenun sarung kanggo nyukupi
kabutuhane. Nenun sarung klebu …
a. dasanama c. rura basa
b. kerata basa d. tembung entar
25. Maling mau bengi ditangkep pak polisi.
Dasanamane maling yaiku ….
a. raseksa c. marga
b. yoga
d. durjana
26. Ayo tuku buku menyang Gramedia wae!
Miturut kekarepane ukara kuwi mujudake ukara
a. andharan c. pakon
b. pitakon d. pangajak
27. Ing ngisor iki kang ora klebu dasanamane gawe
yaiku ….
a. yasa
b.gurnita
c. kardi
d. karya
28. Wedhak pupur, randha royal lan sisik-melik klebu tembung camboran ….
a. rangkep
b. wutuh
c. tugel
d. wudhar

22. Ukara ing ngisor iki kang ora ngandhut tembung

Jawaban dan Pembahasan

22. Ukara ing ngisor iki kang ora ngandhut tembung andhahan kang kawuwuhan ater-ater tripurusa yaiku. . .

➡️ A. Mau esuk adhiku mangkat sekolah dhewekan.

  • Penjelasan : Ater – ater tripurusa => dak, kok, di.
  • Opsi B (dakgawa), Opsi C (kokwenehne), Opsi D (disilih) ✔️

23. Dadi anak mono aja seneng ngabangake

kuping wong tuwa. Tembung ngabangake kuping tegese. . .

➡️ B. Gawe nesu.

24. Mbah Soma nenun sarung kanggo nyukupi kabutuhane. Nenun sarung klebu. . .

➡️ C. Rura basa.

  • Penjelasan : Rura basa yaiku tembung sing ajeg lan asring digunakake sanadyan salah, nanging gandheng ora ana kang protes babagan tembung kang salah mau, malah nganti dianggap yen bener.
  • Nenun sarung tegese nenun benang supaya dadi sarung.

25. Maling mau bengi ditangkep pak polisi.

Dasanamane maling yaiku ….

➡️ D. Durjana.

  • Penjelasan : Dasanama maling => durjana, dursila, endrajala, cora, curi.

26. Ayo tuku buku menyang Gramedia wae!

Miturut kekarepane ukara kuwi mujudake ukara. . .

➡️ D. Pangajak.

  • Penjelasan : Ukara pangajak yaiku ukara kang isine pakon(perintah) supaya bareng-bareng nindakake pagaweyan karo sing ngajak.
  • Waca maneh : brainly.co.id/tugas/12615053

27. Ing ngisor iki kang ora klebu dasanamane gawe

yaiku. . .

➡️ B. Gurnita.

28. Wedhak pupur, randha royal lan sisik-melik klebu tembung camboran. . .

➡️ B. Wutuh.

  • Penjelasan : Sebenarnya kata tersebut termasuk camboran tunggal. Akan tetapi, di opsi jawaban tidak ada. Jadi, menurut saya Camboran Wutuh/Tunggal masih sama maknanya.
  • Camboran wutuh tegese tembung kang anggotane kalebu tembung camboran wudhar karo camboran tunggal.

DETAIL

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Jenising tembung

Kata Kunci : Ater-ater tripurusa, rura basa, ngabangake kuping, ukara pakon, dasanama, lsp

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13

—————————–

Semoga membantu.