Tulada wangsalan padinan
Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).
Tuladha kang wujud tembang:
Jirak pindha munggwing wana
Sayeng kaga we rekta
Sinambi kalaning nganggur
Wastra tumrap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Kinarya langen pribadi
Batangane:
Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
We rekta kang muroni = iket.
Baon sabin = karya.
Jenisé Wangsalan Besut
Wangsalan lamba ya iku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadéan saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra kang isi batangané.