a tembunge cerkak
b unen kudu dibatang
c. cangkriman digunakake geggjakan
d cangkriman digunakake kanggo panyandra
5. Ciri-cirine cangkriman sinebut ing ngisor iki kajaba
Jawaban:
B. Unen-unen kudu dibatang.
Penjelasan:
Cangkriman yaiku unen-unen dibedhek (dibatang). Mula, cangkriman uga diarani bedhekan.
Tuladha =
1. Cangkriman Wancah.
a. Pak boletus (Tepak kebo lelene satus).
b. Pak lawa (tepak ula dawa).
c. Nasgithel (Panas, legi, kenthel)
2. Cangkriman Pepindahan.
a. Pitik walik saba kebon (nanas).
b. Pitik walik saba amben (sulak).
c. Anake gelungan, ibune ngrembyang (pakis).
3. Cangkriman Wujud Tembang.
a. Pocung.
Bapak pocung
Amung sirah lawan ngembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka
Si pocung dadi dahana (penthol korek).
Bapak pocung
Renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba
Si pocung mung turut kutha (sepur).
Bapak pocung
Dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing Palembang
Ngon-ingone sang bupati
Yen lumampah
Si pocung lembehan grana (gajah).