Bantu semua

Posted on

soal
tolong tegesi (diartikan) ke dalam basa jawa
________________________
➡jangan ngasal,jangan copas>
➡pakai penjelsan biar paham*_*

Bantu semua

Bantu semua

Wangsulan

  • Pada 1

Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

pesunen sarinarira,

sudanen dhahar lan guling.

  • Tegese :

Padha nglatiha/ajarana ati,

Supaya tandha batinmu dadi pinter,

Aja mung terus mangan lan turu,

Gatekna/prihatekna awakmu,

Sudanen/kurangana mangan lan turu.

  • Pada 2

Dadiya laku niraku,

Cegah dhahar lawan guling,

lawan aja sukan – sukan

anganggoa sawatawis

ala watake wong suka,

nyuda prayitaning batin

  • Tegese :

Supaya dadi tumindak kang lumrah,

Nyegah mangan lan turu,

Aja mung seneng-seneng,

Oleh nglakokake nanging sauntara wae,

Amarga watake wong seneng-seneng iku ala,

Bisa marakake sudha/kurang ing batin.

Penjelasan

Tembang ing ndhuwur kalebu tembang Kinanthi Serat Wulangreh anggitane Pakubuwana IV.

  • Paugeran Kinanthi :

Guru Gatra : 6 gatra

Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8

Guru Lagu : u, i, a, i, a, i

Waca maneh

DETAIL

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 8

Materi : Macapat

Kata Kunci : Tegese tembang Kinanthi pada 1 lan 2

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 8.13

—————————–

Semoga membantu.