Tolong buatkan dialog bahasa jawa krama alus antara orangtua dan anak, minimal 10 dialog

Posted on

terimakasih

Tolong buatkan dialog bahasa jawa krama alus antara orangtua dan anak, minimal 10 dialog

Bapak: Sin, sapa sing
nggawa majalah ana meja kene?

Sinta:
Kula mboten ngertos Pak, mbok menawi Mbak Sista.
Bapak:
Tenan, ora ngerti?
Sinta:
Saestu Pak, kula boten sumerap.
Bapak:
Lha terus Mbak Sista menyang endi iki mau?
Sinta:
Dhateng dalemenipun Bu Amelia, badhe ndamel kliping ngaten lho.
Bapak:
Wah, mengko gek majalahe digawa mrana kanggo kliping.
Sinta:
Bapak menapa dereng maos majalah kalawau?
Bapak:
Ya durung, wong isih anyar
Sinta:
Lha inggih, mangke dipun damel kliping kaliyan Mbak Sista.
Bapak:
Ya muga-muga ora. Mesthine rak ya ngerti yen isih anyar.
Sinta:
Nggih mugi-mugi mboten Pak. Majalah menapa ta pak?
Bapak:
ya masalah basa jawa, jaya baya lan penyebar semangat.
Sinta:
Oo… kalih ta majalahipun?
Bapak:
Iya. Ya wis, mengko rak digawa bali. Wis kana dolana maneh.
Sinta:
inggih Pak, matur nuwun..