Sebutna arane purwakanthi!

Posted on

Sebutna arane purwakanthi!

Jawaban :

Purwakanthi kaperang dadi 3 werna, yaiku :

1) Purwakanthi guru swara :

Runtuting swara perangan kang ngarep utawa tibaning swara perangan kang buri.

Tuladha :

  • guru iku digugu lan ditiru
  • yitna yuwana lena kena

2) Purwakanthi guru sastra

Padhaning sastra (konsonan) perangan kang ngarep utawa perangan kang buri.

Tuladha :

  • bibit bobot bebet = kang dibaleni aksara b, lan t, lan liya liyane.
  • sluman slumun slamet = kang padha utawa dibaleni aksara s, l, lan m.

3) Purwakanthi guru basa/lumaksita

Padhaning tembung/basa perangan kang ngarep karo perangan kang buri.

Tuladha :

  • Yen dadi siswa, dadia siswa kang utama.
  • Iki putrane Pak Wisnu, putra sing kakung, putra sing nomer telu.

Penjelasan :

Purwakanthi yaiku runtuting swara, sastra, tembung, utawa peranganing tembung kang ngarep utawa perangan buri.