Tolong dibantu jawab​

Posted on

Tolong dibantu jawab​

Tolong dibantu jawab​

2. Geguritan ana 2, yaiku: Geguritan gagrak anyar lan geguritan gagrak lawas.

3. Legendha yaiku crita rakyat kang nyritakake asal-usule sawijining panggonan.

4. Pandhawa lan kasatriyane:

  • Puntadewa satriya ing Ngamarta.
  • Werkudara satriya ing Jodhipati.
  • Janaka satriya ing Madukara.
  • Nakula satriya ing Bumi Retawu.
  • Sadewa satriya ing Sawojajar.

__________________________

Pembahasan

2. Geguritan yaiku salah sawijining karya sastra kang wujude tulisan kang dikhasilake saka ungkapan awak dhewene penggurit.

Geguritan gagrak lawas:

  • Basane gawe basa jawa kuno,
  • Cacahe gatra paling sithik 4 gatra,
  • Purwakanthi guru swara,
  • Diwiwiti “sun gegurit”.

Geguritan gagrak anyar:

  • Cacahe gatra bebas,
  • Cacahe wanda bebas,
  • Guru lagune bebas,
  • ora diwiwiti “sun gegurit”.

3. Legendha yaiku salah sawijining crita rakyat kang kalebu crita fiksi.

4. Pandhawa yaiku sadulur cacahing lima putra lanang kabeh. Yaiku; Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula lan Sadewa. Ramane jenenge Prabu Pandhu Dewanata, Ibune yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim.

Detail Jawaban

Mata Pelajaran: B. Daerah

Kelas: Ⅺ SMA

Materi: Geguritan, Pewayangan lan crita rakyat

Kode: 13