Tulisen aksara jawane “sambel uleg”!mohon jawabannya ​

Posted on

Tulisen aksara jawane “sambel uleg”!mohon jawabannya ​

sambel uleg ➡️ ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀ꦲꦸꦊꦒ꧀

Pembahasan

Aksara jawa yaiku aksara/tulisan kang ditulis nganggo tulisan jawa. Nalika nulis utawa maca aksara jawa, sing kudu dimangerteni yaiku pasangan lan sandhangane.

Sandhangan aksara jawa kaperang dadi 3, yaiku sandhangan swara; sandhangan panyigeg wanda lan sandhangan wyanjana. Sandhangan sing ana ing ukara yaiku sandhangan swara lan sandhangan panyigeg wanda.

Sandhangan swara

Yaiku sandhangan aksara jawa sing digunakake kanggo menehi swara vokal. Swara vokal ing aksara jawa cacahe ana 5, yaiku:

  1. i = nggunakake sandhangan wulu.
  2. u = nggunakake sandhangan suku.
  3. e = nggunakake sandhangan pepet.
  4. é = nggunakake sandhangan taling.
  5. o = nggunakake sandhangan taling tarung.

Sandhangan panyigeg wanda

Yaiku sandhangan sing digunakake kanggo paten.

  1. Layar = Digunakake kanggo paten r.
  2. Cecak = Digunakake kanggo paten ng.
  3. Wignyan = Digunakake kanggo paten h.
  4. Pangku = Digunakake kanggo paten sakliyane h, r lan ng. Panggonane ana ing pungkasaning ukara.

——————

——————

sambel uleg ➡️ ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀ꦲꦸꦊꦒ꧀

  • sambel : aksara sa, aksara ma, pasangan ba + pepet, aksara la.
  • uleg : pasangan ha + suku, aksara nga lelet, aksara ga + pangku.

Detail Jawaban

Mapel: B. Daerah

Kelas: Vll

Bab: Nulis aksara jawa

Kode: 13

Gambar Jawaban

Jawaban terlampir

_______________________________________

Penjelasan:

……

Sambel uleg = ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀ꦲꦸꦒ꧀

  • Sambel = nggunakake aksara sa, aksara ma (sigeg), pasangan ba, lan aksara la (sigeg)
  • uleg = nggunakake sambungan pasangan ha + suku (u), aksara nga lelet, aksara ga + pangkon

~Catetan:

  • Kanggo tembung uleg nggunakake aksara nga lelet kanggo gantine aksara la + pepet

_______________________________________

Detail Jawaban:

  • Mapel: B. Daerah
  • Kelas: 4
  • Materi: Nulis Aksara Jawa
  • Kode: 13

-Illaaaaa

Gambar Jawaban