Sebutna carane gancarake tembang

Posted on

Sebutna carane gancarake tembang

Jawaban Terkonfirmasi

Carane gancarake tembang:

  • Negesi tembung utawa ngartekake tembung kang angel.
  • Nalika wis ketemu tegese tembung kang angel mau, banjur digathukake maneh karo tembung liyane.
  • Nalika gathukake tembung iku mau isa nambahi utawa ngurangi tembung supaya bisa dadi ukara kang pas.
  • Nyusun ukara nganthi dadi sinambungan tegese lan dadi paragraf kang becik.

Pembahasan:

Tembang utawa lagu yaiku basa utawa karya sastra kang dirakit kanthi paugeran-paugeran tertentu. Tembang iku bisa dimanfaatake kanggo sarana hiburan lan pendidikan karya sastra Jawa. Gancarake tembang iku dhuwe tujuan supaya kapenak anggone mangerteni utawa mahami isine tembang iku mau.

Jenis-jenis tembang:

  • Tembang gedhe yaiku tembang kang migunakake basa Jawa kuna lan dhuweni jumlah wanda kang siji lan liyane iku pada.
  • Tembang tengahan yaiku tembang kang isine nyritakake kedadean jaman biyen.
  • Tembang cilik yaiku jeneng liyane saka tembang macapat tegese tembang kang kaiket karo paugeran, kaya guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
  • Tembang dolanan yaiku tembang kang buasa ditembangake dening bocah nalika karo dolanan, isine biasane ngenani ilmu pengetahuan lan nilai budi pekerti.

Ana tata cara kang kudu digatekake nalika arep nembang, supaya anggone nembang iku trep lan kapenak dirungokake, ing ngisor iki tata carane:

  • Mangerteni jenise tembang.
  • Merhatekake pocapan, misale pocapane kudu jelas.
  • Ngerteni watake lan maknane tembang.
  • Ngerti tegese tembung-tembung sajroni tembang.
  • Mangerteni paugeran kang ana ing tembang.
  • Ngerteni tempone tembang.

Pelajari lebih lanjut >>

========================================================

Detail Jawaban

Kelas:

Mapel: Bahasa Daerah – Bahasa Jawa

Bab: Tembang

Kode soal: 13

 :

#AyoBelajar