Buatlah 2 berita terbaru dari tv simpang lima tv,pakai bahasa jawa

Posted on

Buatlah 2 berita terbaru dari tv simpang lima tv,pakai bahasa jawa

Suharjono HK, Spd (55 taun)
warga dhusun Balong Trimulyo
Sleman, kasil unggul ing pilian
Kepala desa (Pilkades) Trimulyo
kecamatan Sleman, Minggu
(22-2-2009) kepungkur.
Suharjono (nomor urut 2) kasil
ngumpulake 2.366 suwara
ngungguli calon lurah liyane
yaiku Bambang Basuki Ilyas
kang mantan lurah Trimulyo
(nomor urut 1) saka dhusun
Kepitu antuk 1.393 suwara, lan
Untung P (nomor urut 3) uga
saka dhusun Kepitu antuk
1.865 suwara.
Narator:
Katrangan saka panitia Pilkades
mratelakake, gunggunge
pemilih ing Trimulyo wong
6.979, dene kang
ngelonipilihan wong 5.713.
Saka gunggung kasebut, suwara
kang gugur ana 501 suwara.
Dene kang ora teka coblosan
ana 1.266 warga. Pilkades
diadani ing 18 pedhukuhan iya
18 TPS (Tempat Pemungutan
Suwara)
Suharjono HK, terpilih
minangka lurah Trimulyo
kanggo periode taun 2009-2015
(6 taun), bakal ngganteni
Bambang Basuki Ilyas.
Suharjono kang uga karyawan
Dinas Pendidikan Kabupaten
Sleman sawise kepilih lurah
ngandharake bakal ngajokake
pensiun. Suharjono kang ing
desane dikenal minangka ketua
BPD Trimulyo mratelakake, yen
menange ing Pilkades
mujudake kemenangane
masyarakat Trimulyo.” Insya
Allah, aku bakal nuhoni
amanah warga Trimulyo kanggo
ngabdi minangka lurah desa,”
pratelake.
Sauntara kuwi, ing wektu kang
bebarengan pilkades ing
wilayah sleman uga digelar ing
desa Tridadi. Lurah lawas
Kabul Mudji Basuki warga
dhusun Beran Kidul kasil
menangake pilihan kanthi
antuk 4.534 suwara, ngasorake
H Mulyatno, BSc warga dhusun
Pangukan kang antuk 3.408
suwara. Pilkades Tridadi
diadani ing 20 TPS kang ana
ing saben padhusunan ing
Tridadi. [Ismadi]

maaf cma satu sj