Buatlah ringkasan cerita kidang kencana versi 1 PAKAI BAHASA JAWA​

Posted on

Buatlah ringkasan cerita kidang kencana versi 1 PAKAI BAHASA JAWA​

Jawaban:

kidang kencana

(versi kapisan)

Kocap Carita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Ana kewan kidang kang merak ati, ruoane ayu, polahe trengginas, lan kulite werna emas. Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepicut, pengin kagungan kidang kang endah iku. Mula Sinta banjur nyuwun mring Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombongin ati dhewekr nindakake panyuwune Sinta.

Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana.

"Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametanne mbakyumu dakpasrahke marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalke Sinta dhewean".

"Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula entoske, atos-atos kangmas", mangkono ature lesmana.