tolong transletkan ke bahasa jawa menggunakan krama inggil ya..
makasihh
Aku arep nyeritaake pengalamanku preinan semester wingi . kira kira minggu kaping 2 preinan wingi aku lan kanca kanca sd ngadaake acara reuninan . sakdurunge acara terlaksana. kabeh kanca dikandani lewat sms utawa facebook. wektu kanggo rembukan lumayan suwe amarga kudu ngepaske wektune konco konco kabeh sing kosong utawa ora ana acara. bareng acara reuninan uwis kelaksana kabeh podo pangling amarga uwis suwe ora ketemu. meski acarane cuma makan makan ning warung karo njagong tapi aku seneng banget amarga iso ketemu maneh karo kanca jaman sd
kula badhe nyeritakake pengalaman kula preinan semester kepungkur. kinten kinten minggu kapindho preinan wingi kula lan kanca-kanca sd ngadakake acara reuninan. saderengipun acara terlaksana. sedaya kanca dikandani saking sms utawi facebook. wanci kagem rembugan radi dangu amargi kedah ngepasken wanci kanca sedaya ingkang kosong utawi boten wonten acara. Menawi acara reuninan sampun kalampahan kanca-kanca padha pangling amargi sampun dangu boten kepanggih. Ewadene acaranipun namung nedha sesarengan teng wande kaliyan lenggahan tapi kula bungah sanget amargi saget kepanggih malih kaliyan kanca jaman sd.
NB: mengapa kanca-kanca/teman-teman bukan rencang-rencang karena sepengetahuan saya, sesuai yang diajarkan guru bahasa jawa saya, rencang lebih condong memilki arti 'pembantu' atau 'batur'.