1. Ukara ing ngisor iki kang nganggo tembung dwilingga salin swara yaiku……

Posted on

a. Bapak mlampah-mlampah wonten lapangan
b. Ibu masak janganan kanggo para tamu
c. Adhiku lunjak-lunjak jalaran entuk rangking siji
d. Mbek rini wira-wiri amarga lagi bingung
2. Urutane miji timun, yen drijine….
a. nraju man
b. mucuk eri
c. ngandhan-andhan
d. ngolan-olan
3. Pathokane tembang kinanthi yaiku…..
a. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
b. 8i, 8i, 8a, 8u, 8a, 8i
c. 12u, 8i, 12a, 8i, 8a, 12i
d. 7u, 8i, 8a, 7i, 8a, 8i
4. Saripatine tata karma ing pasrawungan bawa rasa lan unggah-unggahan iku diarani….
a. Budi pekerti
b. Budi daya
c. Budiman
d. Budi utomo
5. Ngaturaken wilujeng ing dalu menika. Pinanggih malih kaliyan kula Putra Mahendra ing pawarta basa jawi ing dalu menika. Pawarta kagiyaraken lumantar Radhio Republik Indonesia Surakarta.
Pretelan pawarta kasebut kagiyaraken lumantar….
a. Televise
b. Radhio
c. Ariwati
d. Kalawarti
6. Ukara kang duwe jejer siji lan wasesa siji diarani ukara…
a. Lamba
b. Camboran
c. Pakon
d. Pitakon
7. Tegese keratabasa anak yaiku…
a. Bab apa-apa kudu pepak
b. Embat-embate tutur
c. Yen turu kudu nyenyak
d. Karep apa-apa kudu anal an enak
8. Tuladhane tembung dwipurwa yaiku…
a. Lelayu
b. Mlayu-mlayu
c. Polah-polah
d. Njedhindhil
9. Ing ngisor iki sing nganggit Ramayana, yaiku…
a. Resi Bisma
b. Resi Walmiki
c. Empu Tanakung
d. Empu Sedah
10. Nemu kebegjan gedhe banget, bebasane…
a. Nguyahi segara
b. Kejugrugan gunung menyan
c. Kutuk marani sunduk
d. Kemladheyan ngajak sempal
11. Gamane kebo yaiku…..
a. Sikil
b. Sungu
c. Gadhing
d. Siyung
12. Manawa kowe didangu gurumu, “Mas sapa jenengmu lan ngendi omahmu?”. Wangsulanmu sing trep yaiku…
a. Asma kula Bayu, dalem kula Wonogiri
b. Nami kula Bayu, griya kula Wonogiri
c. Asma kula Bayu, omah kula Wonogiri
d. Name kula Bayu, dalem kula Wonogiri
13. Kang diarani mindhoan yaiku…
a. Anake keponakan
b. Tunggal bapak ibu
c. Anake anak
d. Sadulur tunggal buyut
14. Dadi bicah kudu mbangun miturut marang dhawuhe wong tuwa. Tembung mbangun miturut tegese…
a. Ora nggugu
b. Mbantah
c. Manut
d. Nyulayani
15. Putrane Pak Lurah dijenengke Catur amarga dheweke anak nomer…
a. Siji
b. Loro
c. Telu
d. Papat

1. Ukara ing ngisor iki kang nganggo tembung dwilingga salin swara yaiku……

No.1 a. bapak mlampah mlampah nang lapangan
no.4 a . budi pekerti
15.d 4
14. nulayani
12 a