Owahana supaya dadi ukara tanggap!simbah sampun ngunjuk jampi wau dalu.
Ngowahi ukara dadi ukara tanggap.
Simbah sampun ngunjuk jampi wau dalu.
➡️ Jampi sampun diunjuk simbah wau Dalu.
Pembahasan
➡️ Ukara tanduk yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk, sing oleh ater-ater anuswara ( m, n, lan ny ).
→ Tuladhane :
- Bu pipit numpak bis menyang Kediri.
- Pak Hasan macul ing sawah.
- Ibu nandur mawar ing latar ngarep.
➡️ Ukara tanggap yaiku ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanggap sing oleh ater-ater ( da, kok lan di ).
→ Tuladhane :
- Gedhang ing meja dipangan Adhik.
- Tahu tempene digoreng ibu.
- Korane diwaca mbak Tini ing bale.
Detail Jawaban
- Mapel : Bahasa Daerah
- Kelas : 6
- Materi : Ukara tanduk lan ukara tanggap
- Kode : 13