Bantu jawab, terima kasih:)
Asmanipun putra Nabi Ibrahim saking Ibu Siti Hajar inggih punika Nabi Ismail ingkang rikala semanten tasih bayi ditilar ibunipun pados toya wonten wonten pundi pundi boten nemokaken wasana muruki sang putra kanthi kawontenan nangis sukunipun mancal mancal datheng Siti dumadakan medal toya, salajengipun Toya kependhet lajeng kaunjuk kangge ngicalaken ngelakipun.
Pembahasan
Wacana ing dhuwur nggunakake aksara murda lan aksara swara.
● Aksara murda yaiku aksara sesirah kang sinebut huruf kapital.
Aksara murda digawe kanggo pakurmatan utawa menghormati lan lumrahe kanggo nulis jenenge wong utawa pangkat lan Drajat sarta papan Panggonan.
● Aksara murda cacahe ana 8 yaiku Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba.
● Paugeran nulis aksara Murda :
1. Ora kena dadi sesigeging wanda,
2. Ora kena dipunpangku lan ora kena pasangi.
3. Cukup ditulis sepisan siji aksara saben sak tembung,
4. Kapilih sing manggon ing ngarep menawa ora ana ya aksara mburine lan sakteruse.
● Aksara swara yaiku aksara Jawa kang digunakake kanggo nulis huruf vokal.
● Aksara swara cacahe ana 5 yaiku A, I, U, E, O
● Paugeran aksara swara yaiku :
a. Aksara swara mung ditulis ing
wiwitane tembung.
b. Aksara swara ora kena diwenehi
Sandhangan swara.
c. Saben wiwitan ukara kudu ditulis
nganggo aksara swara.
d. Sing oleh ditulis nganggo aksara
swara mung aksara gedhe.
★ Catethan:
huruf sing diwenehi garis ngisor Kuwi nggunakake aksara murda lan aksara swara.
Detail Jawaban
Mapel ; Bahasa Daerah
Kelas : 7
Materi : Nulis Aksara Jawa
Kode : 13