Ada yang bisa bantu jawab?
Jawaban:
Menawa aksara jawane diartekna;
Paugerane tembang macapat kang nganggo guru gatra 9 larik yaiku tembang….
A. Durma✕
B. Mijil✕
C. Pangkur✕
D. Asmarandana ✕
E. Mijil✕
Jawaban ora ana ✖ , merga tembang macapat sing nduweni gatra 9 larik iku tembang Sinom.
______________________
Penjelasan:
✶Tembang Macapat iku cacahe ana 11, antarane;
- Maskumabang
- Mijil
- Kinanthi
- Sinom
- Asmarandana
- Gambuh
- Dhandhanggula
- Durma
- Pangkur
- Megatruh
- Pucung
✦Menawa dijlentrehake gatrane tembang sing ana ing pilihan;
- Durma ana 7 larik.
- Mijil ana 6 larik.
- Pangkur ana 7 larik.
- Asmarandana ana 7 larik.
✦Tembang Macapat iku nduweni paugeran ana 3, antarane;
- Guru gatra; yaiku cacahing larik ing saben sapada utawa bait.
- Guru wilangan; yaiku cacahing kecap utawa suku kata ing saben sagatra utawa larik.
- Guru lagu; yaiku tibaning swara vokal ing saben pungkasaning utawa akhir sagatra.
Wangsuli pitakon
Paugeran tembang macapat kang nganggo guru gatra 9 larik yaiku tembang…
a. ꦢꦸꦂꦩ = durma
b. ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ = mijil
c. ꦥꦁꦏꦸꦂ = pangkur
d. ꦲꦱ꧀ꦩꦫꦢꦤ = Asmaradana
e. ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ = mijil
→ ora ana wangsulane.
__________________
Pembahasan
Paugeran tembang macapat kang sinebut ing ukara pitakon dhuwur yaiku guru gatra.
Sing diarani guru gatra yaiku cacahe gatra ing saben sapada (sabait).
Nanging saliyane guru gatra, tembang macapat uga nduweni Paugeran Liya, yaiku :
- guru wilangan yaiku cacahe Wanda ing saben sagatra (sabaris)
- guru lagu yaiku dhong dhinge swara ing pungkasaning gatra (vokal).
Ing ukara pitakon dhuwur, sing dadi pitakone iku guru gatra sing nduweni guru gatra 9 larik iku ORA ana wangsulane, amarga :
a. ꦢꦸꦂꦩ = durma ➡️ 7 larik
b. ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ = mijil ➡️ 6 larik
c. ꦥꦁꦏꦸꦂ = pangkur ➡️ 7 larik
d. ꦲꦱ꧀ꦩꦫꦢꦤ = Asmaradana ➡️ 7 larik
e. ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀ = mijil ➡️ 6 larik
★ dadi, menawa diterusake tembang macapat sing nduweni Paugeran guru gatra 9 larik yaiku tembang sinom.
Detail jawaban
- Mapel : Bahasa daerah
- Kelas : 6
- Materi : Tembang macapat
- Kode : 13