Ukoro kang entok ater ater tripurusa yoiku

Posted on

Ukoro kang entok ater ater tripurusa yoiku

Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake
sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara.
Beda karo ater-ater hanuswara, dene ater-ater tripurusa mratelake
tembung “tanggap” (pasip). Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku tak, ko, di.

Tuladha: dak + pangan = dakpangan
ko + pangan = kopangan
di + pangan = dipangan