3. Kelebu ing struktur batin geguritan yaiku ….

Posted on

a. Tema lan amanat
b. Diksi lan tipografi
c. Enjambemen lan lelewaning basa
d. Purwakanthi lan wirasa
e. Panyitra lan diksi

3. Kelebu ing struktur batin geguritan yaiku ….

3. Kelebu ing struktur batin geguritan yaiku ….

a. Tema lan amanat ✔️

b. Diksi lan tipografi

c. Enjambemen lan lelewaning basa

d. Purwakanthi lan wirasa

e. Panyitra lan diksi

_______________________________________

Penjelasan:

Geguritan asale saka tembung 'gurit' kang ateges kidung utawa tulisan awujud tatanan tembung supaya nuwuhake surasa kang endah.

Titikane (ciri-ciri) geguritan:

  1. kawiwitan irah-irahan
  2. cacahe wanda, gatra, lan pada ora ajeg
  3. tibane swara ing pungkasaning gatra ora ajeg
  4. tembung sing digunakake nuwuhake daya pangangen-angen
  5. nggunakake basa kang endah

Struktur fisik geguritan:

  • Diksi (Pamilihe Tembung). Panganggit lumrahe nggunakake tembung-tembung kang wis dipilih kanthi becik.
  • Pengimajian. Pengimajian iki gegayutan karo indera pendeleng, pangrungu, lan pangrasa.
  • Lelewaning basa (majas/gaya bahasa). Pangripta medharake prakara kanthi ora wantah nanging nglirwakake kayadene samubarang liya. Wujude majas kayata; hiperbola, metafora, personifikasi, litoses, lsp.
  • Purwakanthi (rima). Purwakanthi tegesè nggandheng kang wis kasebut ing purwa (wiwitan). Purwakanthi kaperang dadi 3 yaiku purwakanthi guru basa, guru swara, lan guru sastra (lumaksita).

Struktur batin geguritan:

  • Tema (makna/sence). Nuduhake pokok pikiran kang diwedhar panganggit nalika nulis geguritan.
  • Nada. Nuduhake sikap panganggit tumprap pamaos/pamidhanget.
  • Swasana. Nuduhake kahanan jiwane pamaos utawa pamidhanget tumprap geguritan.
  • Amanat (piwulang luhur). Nuduhake pesen kang kepengin diwedharake marang pamaos/pamidhanget geguritan.

_______________________________________

Detail Jawaban:

  • Mapel: B. Jawa
  • Kelas: VII
  • Materi: Geguritan
  • Kode soal: 13

-Illaaaaa