1. Kagunan adiluhung kang lair sarana endahing basa Jawa diarani …. a. Geguritan b. Kasusastran Jawa C. Tembang Macapat d. Medhar sabda

Posted on

tolong dijawab besok dikumpulkan​

1. Kagunan adiluhung kang lair sarana endahing basa Jawa diarani …. a. Geguritan b. Kasusastran Jawa C. Tembang Macapat d. Medhar sabda

Jawaban:

a. Geguritan

Penjelasan:

Semoga membantu :)

#koreksi

Jawaban:

B. Kasusastran Jawa

Kagunan (Kesenian/ Seni)

Kagunan yaiku kabudayan lair karyaning manungsa kang isi/ mengkoni kaendahan. Uga sok ditembungake: kagunan adi-luhung. Manut wujude kagunan iku kena kaperang 6 warna, yaiku

a. Kagunan Swara/ langen swara utawa tembang (Seni Musik/ Suara)

Kagunan Swara yaiku kagunan kang mahyahake swara kang endah. Tegese, endah mungguhing lagune, larase, iramane utawa cengkoke.

b. Kagunan Nggambar, Nyungging apadene Natah (Seni Rupa)

Kagunan Nggambar, Nyungging apadene Natah, yaiku kagunan kang mahyahake rerupan/wewujudan kang endah, kayata: gambar, reca, ukir-ukiran, lsp

c. Kagunan Kasusastran (Seni Sastra)

Kagunan Kasusastran yaiku kagunan kang mbabarake basa kang endah. Kasusastran uga sok ditembungake liya: Kagunan Basa

d. Kagunan Joged/ beksan (Seni Tari)

Kagunan Joged/ beksan yaiku kagunan kang nuwuhake solah-bawa kang endah lan mranani.

e. Kagunan Karawitan (Seni Karawitan)

Kagunan Karawitan yaiku kagunan kang nenangi sabangsane tetabuhan kang endah, kayata: gamelan, musik, kulintang, lsp.

f. Kagunan Tontonan (Seni Pertunjukan)

Kagunan Tontonan yaiku kagunan kang mahyahake tetontonan kang endah, kayata: drama, sandiwara, dagelan, lsp.