Sebutna cangkriman lan tuladhaneplisss jawab ya kakak..;)​

Posted on

Sebutna cangkriman lan tuladhaneplisss jawab ya kakak..;)​

Jawaban:

Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksute.

Manut wujude, cangkriman ana 4, yaiku :

• Cangkriman wancah

• Cangkriman pepindhan

• Cangkriman plesetan

• Cangkriman awujud tembang

Tuladha cangkriman wancah :

  • Wiwawite, lesmba dhonge, karwa pake. Batangane wi dawa wite, tales amba godhonge, cikar amba tipake
  • Tuma ngguyu. Batangane watu loma tunggu yuyu

Tuladha cangkriman pepindhan :

  • Pitik walik saba meja. Batangane sulak
  • Pitik walik saba kebon. Batangane nanas
  • Gajah nguntal sangkrah. Batangane pawon

Tuladha cangkriman plesetan :

  • Pitik siji ndase telu. Telu tegese gandheng ulu
  • Manuk pitu kalong limo dadi pira ? Batangane 12 amarga manuk 7 ditambah kalong 5

Tuladha cangkriman tembang :

  • Bapak pucung bisa nembang bisa ngetung, nggambar lan wicara, panganane pulsa listrik, nadyan cilik bisa nguntal isi ndunya. Batangane hp
  • Bapak pucung dudu banyak dudu wulung, janggawira dawa, awakkira saka wesi, yen makarya ndhudhuk lemah ngrata kisma. Batangane ekskavator