Tembang Kinanthi ing ngisor iki golekana paugerane

Posted on

guru lagune tiba apa wae ?
guru wilangan pira ?
guru gatrane ana pira ?…..

Aja na wong bisa tutur
ngemungna ingsun pribadi
aja na kang amemadha
angrasa pinter pribadi
iku setan nunjang nunjang
tan pantes dipun pareki​

Tembang Kinanthi ing ngisor iki golekana paugerane

Wangsuli pitakon

Aja na wong bisa tutur

ngemungna ingsun pribadi

aja na kang amemadha

angrasa pinter pribadi

iku setan nunjang nunjang

tan pantes dipun pareki

guru lagune tiba = u, i, a, i, a, i

guru wilangan pira = 8, 8, 8, 8, 8, 8

guru gatrane ana = 6

__________________

Pembahasan

Tembang kinanthi ing dhuwur iku kalebu tembang macapat.

Tembang macapat yaiku tembang cilik sing nduweni paugeran kayata guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

Negesi paugeran tembang macapat :

  1. Guru gatra = cacahing gatra ing saben sapada.
  2. Guru wilangan = cacahing wanda ing saben sagatra.
  3. Guru lagu = dhong dhinge swara ing pungkasaning gatra.

Saliyane iku, tembang kinanthi uga nduweni watak :

  • seneng
  • tresna lan asih
  • cocok kanggo medharake piwulang carita sing ngemu surasa asmara utawa gandrung gandrung

Detail Jawaban

  • Mapel : Bahasa Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Tembang macapat
  • Kode : 13