Gawea 5 ukara crita pangkon,lan pitakon

Posted on

Gawea 5 ukara crita pangkon,lan pitakon

2. UKARA PAKON (KALIMAT PERINTAH)
Ukara pakon utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon
utawa perintah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa
pakaryan kaya kang dikarepake sing ngongkon. Wujude ukara pakon iku
warna-warna, yaiku kaya ing ngisor iki:
a. Ukara Pakon Lumrah
Tuladha:
Ndang ombenen!Awas sing ati-ati!Wis enggal garapen!
b. Ukara Pakon Pamenging
Tuladha:
Kowe ora kena dolan yen durung sinau!Aja rame-rame simbah nembe sare!Aja mangan ana ing ngarep kelas!
c. Ukara Pakon Pangajak
Tuladha:
Awake dhewe saiki leren dhisik!Ayo padha mampir nggonku dhisik!Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
d. Ukara Pakon Panantang.
Tuladha:
Antemen yen pancen kowe wani!Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!
e. Ukara Pakon Paminta.
Tuladha:
Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!