Maca banter yaiku. TOLONG DIJAWAB YA

Posted on

Maca banter yaiku.
TOLONG DIJAWAB YA

Jawaban:

Maca yaiku kagiyatan sing ditindakake sawijining pawongan kanggo golek pesen kang diandharake dening pawongan kang nulis, kanthi sarana basa tulis. Jinis maca iku ana loro, yaiku maca ing batin lan maca nyuwara. Kang klebu peranganing maca nyuwara yaiku maca banter. Ing piwulang iki arep diandharake babagan maca banter. Maca banter iku sejatine kegiyatan nyuwarakake tulisan kanthi nggatekake swara, intonasi, tekanan kanthi bener. Kegiyatan maca banter iki perlu nggatekake perkara-perkara kaya ing ngisor iki:

1. Nggatekake pangucapan

2. Nggatekake intonasi lan nada

3. Nggatekake tandha wacan, umpamane titik lan koma

4. Nggatekake ekspresi

5. Nggatekake alon lan cepete anggone maca

6. Nggatekake isine wacan lan anggone maca kudu kendel.