UNSUR INTRINSIK DARI CERITA RAMA SINTA? TOLONG BANTUANNYA BIG THX

Posted on

UNSUR INTRINSIK DARI CERITA RAMA SINTA? TOLONG BANTUANNYA BIG THX

Jawaban Terkonfirmasi

Mapel: Bahasa Daerah
Kelas :8 SMP
Kategori  : Unsur-unsur intrinsik cerita
Kata Kunci : unsur intrinsik, rama sinta
Pembahasan:

Unsur-unsur intrinsik, yaiku unsur-unsur sing mangun karya sastra saka jero. Unsur-unsur intrinsik karya sastra ing antarane yaiku:
1.       Tema, yaiku sawijining carita kang bisa makili isining cerita. Ing carita Rama lan Sintha, tema kang diangkat yaiku tema romantisme/ katresnan antarane Rama lan Sintha uga tema patriotisme/ peperangan antarane pihak Rama lan Prabu Dasamuka.

2.       Alur (plot), yaiku urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning cerita kang ana telu yaiku alur maju, mundur, lan maju mundur (flashback). Ing carita Rama lan Sintha, alur kang digunakke yaiku alur maju.

3.       Watak-wantune para paraga (penokohan), yaiku karakter utawa watak-wantun kang diduweni dening saben-saben paraga.  Ing carita Rama lan Sintha, penokohane yaiku:
-          Prabu Rama paraga utama protagonis duweni watak apik, alus, setia, kendel.
-          Dewi Sintha paraga utama protagonis duweni watak apik, alus, setia.
-          Prabu Dasamuka paraga utama antagonis duweni watak ala, bringasan, serakah.
-          Prabu Lesmana paraga sampingan protagonis duweni watak apik, alus, seneng ambiyantu.
-          Hanoman paraga sampingan protagonis duweni watak patriot, kendel, seneng ambiyantu.

4.        Amanat, yaiku pesen moral kang disampekake penulis cerita kanggo sing maca.  Ing carita Rama lan Sintha, amanat kang bisa dijupuk yaiku:
– Kita kudu setia karo pasangan.
– Kita kudu njaga kekancan ingkang becik.
– Kita kudu tansah mbela kabecikan lan kautaman.
– Kita kudu duweni jiwa patriotisme kanggo mbela negara.

5.       Pamawase Pangripta (sudut pandang pengarang), yaiku sudut pandangan kang dijupuk saka pangripta kanggo ndeleng sawijining kadadean sajroning crita.  Ing carita Rama lan Sintha, Pangripta yaiku pihak katelu ning njobo cerita (blas ora katut ana ing cerita).
6.       Latar (setting), yaiku katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning crita. Latar panggonan kang ana ing carita Rama lan Sintha akeh, antarane yaiku ing alas, taman, negara Alengka. Latar swasana ana sing romantis, patriotis, lan sedih.