Pindhang kutut jenis cangkriman​

Posted on

Pindhang kutut jenis cangkriman​

Jawaban:

Wangsulan

Batangan saka cangkriman wancahan "Pindhang kutut" yaiku …

➡️ B. Sapi mblandhang lukune katut.

Penjelasan

☞ Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan.

Titikan/Ciri-ciri cangkriman :

– Awujud bedhekan kang kudu digoleki wangsulane,

– Pranyatan kang wujud batangane/wangsulane,

– Paribasan sing kudu di artekake,

– Ora nganggo purwakanthi (bebas).

✧ Cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),

→ Wancah iku tegese cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana.

—☆ Tuladhane :

Burnas Kopen : bubur panas kokopen

Pakboletus : Tapak kebo lelene satus

Pak bomba, pak lawa, pak piyut : tapak kebo

amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut

Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng

Bot ginawa entheng, theng ginawa abot

: klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot

Wiwa wite, lesbodhonge, karwa pake : uwi dawa

uwite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake

Kabaketan : Nangka tiba neng suketan

Yumaerong : yuyu omahe ngerong

Karla ndheren : mbakar tela sumendhe keren

Nasgithel : Panas, legi, kenthel

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 6

Materi : Piwulang 4 – Cangkriman

Kata Kunci : Cangkriman wancahan Pindhang kutut

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 6.13.4

—————————–

Semoga membantu.