Pakaryan 3 sawise mangsuli pitakon ………………………….. Tolong tuliskan latinya
Jawaban:
Klabang iku wisane ana ing sirah,
kalajengking iku wisane mung ana pucuk
buntut. Yen ula mung dumunung ana ing
upase. Nanging yen durja upase dumunung
ana ing saranduning awak.
Pangucap iku bisa dadi jalaran
kabecikan. Pangucap uga dadi jalaraning
pati, kasangsaran pamitran. pangucap uga
dadi jalaraning wirang, mula aja ngucap
sakepenake dhewve.
Mulat sarira, tansah eling kalawan waspada.
Sabegja-begjane kang lali luwih begja kang
wling kalawan waspada. Sing sapa salah
seleh.
Yen sira dibeciki ing liyan tulisen ing watu,
supaya ora ilang lan tansah kelingan. Yen
sira gawe kabecikan marang liyan tulisen ing
lemah supaya enggal ilang lan ora kelingan.
Penjelasan:
Maap kalo salah