Cerita malin kundang singkat menggunakan bahasa jawa

Posted on

Cerita malin kundang singkat menggunakan bahasa jawa

Cerita singkat Malin Kundang dalam bahasa Jawa:

Malin Kundang, mboke, lan adhine manggon ing sawijining desa, ing wilayah Sumatra Kulon, pinggire laut. Mboke Malin, Mande Rubayah, golek panguripan dewe damel dhekwene. Malin ngroso welas dateng mboke. Akhire Malin nekat lungo adoh numpak prahune saudagar damel pados penggawean supaya bisa sugih.

Ning tengah segara, prahune saudagar dikroyok poro begal segoro. Sedaya bhondho dagangane saudagar dijalunk kabeh lan katah wong sing dipateni. Malin Kundang ora kepaten amergi ndelik ing lebete kamar alit.

Prahune nyanggrok teng sakwijining pulau sing desa ne makmur tenan. Malin Kundang sing ulet lan temenan angsale nyambut gawe, suwening-suwe kasil dados tiang ingkang sugih bhondho. Sak sampune, Malin nglamar Wanodyo, keturunan bangsawan, dados bojone.

Mande Rubayah teng segoro saben sore damel ngentosi Malin. Mande Rubayah ing pungkasane seneng krungu kabar babagan Malin Kundang sing sampun sugih lan wes rabi.

Malin lan garwane (bojone) bali menyang desane numpak kapal mewah. Nalika mudhun saka kapal, Malin kaget amergi angsal rangkulan sangking Mande Rubayah sing sepuh lan sandangane ora pantes.

Malin ora ngaku nek Mande Rubayah niku mboke kandung. Dhekwene ngeculake rangkulane mboke lan pungkasane nyurung mboke. Dhekwene uga ngina yen ora mungkin ibune niku sing mlarat, reged, lan mambu. Banjur Malin bali numpak kapal.

Mande Rubayah ndungo: “Dhuh Gusti, yen wong niku dudu anakku, mula aku bakal ngapura tumindak sing wus ditumindhakke, nanging yen niku pancen anakku, Malin Kundang, mula pancen dhekwene putra sing durhaka, kutuklah dhekwene dadi watu.”

Ora suwe sawise, cuaca moro-moro peteng dibarengi kilatan udan deres. Ana badai ing tengah segoro nyapu perahune Malin Kundang. Perahune ajur lan awake Malin Kundang kegowo ombak sampek ing ngarepe Mboke. Malin jaluk ngapura, nanging kutukan wus keucap. Malin Kundang lan tugelane perahu berubah dadi watu.

Pembahasan

Cerita Malin Kundang adalah cerita rakyat dari daerah Sumatra. Inti ceritanya adalah Malin Kundang dikenang sebagai anak yang durhaka karena setelah sukses merantau dia malu mengakui ibunya yang miskin. Ibunya yang sangat kecewa dan sakit hati mendoakan supaya Malin Kundang menjadi batu atas perbuatannya.

Pelajari lebih lanjut

  1. Ringkasan cerita Candi Roro Jonggrang dalam bahasa Jawa: brainly.co.id/tugas/30586333
  2. Ringkasan cerita Rawa Pening dalam bahasa Jawa: brainly.co.id/tugas/38617223
  3. Cerita rakyat lainnya menggunakan bahasa Jawa: brainly.co.id/tugas/1711323

Detail jawaban

Kelas: 8

Mapel: Bahasa Jawa

Bab: Cerita Rakyat

Kode: –

#AyoBelajar