Ketua Kelasku Wijaya Putra pancen bocah kang pinunjul, ora mung lantip pikire nanging uga awake uga gagah pideksa kaya raden Gathutkaca, mripate blalak-blalak, alise nanggal sepisan. Anggone tandang gawe ya ora nguciwani, cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang. Mula ora salah menawa dheweke kepilih dadi ketua kelas Kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrahe sing wasis pinilih ketua kelas. Ora bakal wong sing sarwa kekurangan pinilih dadi pimpinan, kaya bocah sing ora ngukur karo awake dhewe kae, wis ora pinter, kumalungkung, nggenthong umos, lakune gejig, sikile pengkor, awake ambune arum jamban, wis ora ana apike babar pisan kok ya nyalonake dadi ketua kelas, mung ngendelake wong tuwane sing sugih brewu. Eh ora pareng ngandha wong liya mundhak dadi ora apik, tur maneh awake dhewe durung mesthi luwih apik saka dheweke. Muga-muga ben Wijaya Putra besuk bisa mimpin kelas iki kanthi apik. bisa dadekake kelas iki apik ing sekolah,sokur bae bisa nggawa jeneng sekolah ana ing tingkat kecamatan, kabupaten apadene nasional.

Posted on

9.wajan sing wis kok waca ing dhuwur kanti irah-irahan…
a. wong sing Kumalungkung
b. bocah kang pinter
c. ketua kelasku
d. panyandra kanggo bocah
10.Miturut wacan ing dhuwur ketua kelase aran…
a. bambang priyono
b. Wijaya Putra
c. Prayitna suwondo
d. Putra wijawa
11.ketua kelas ing wacan iku di candra mripate…
a. ndamar kanginan
b. nanggal sepisan
c. blalak-blalak
d. nggendhewa pinenthang

pliss bantu jawab (╯︵╰,)​

Ketua Kelasku Wijaya Putra pancen bocah kang pinunjul, ora mung lantip pikire nanging uga awake uga gagah pideksa kaya raden Gathutkaca, mripate blalak-blalak, alise nanggal sepisan. Anggone tandang gawe ya ora nguciwani, cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang. Mula ora salah menawa dheweke kepilih dadi ketua kelas Kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrahe sing wasis pinilih ketua kelas. Ora bakal wong sing sarwa kekurangan pinilih dadi pimpinan, kaya bocah sing ora ngukur karo awake dhewe kae, wis ora pinter, kumalungkung, nggenthong umos, lakune gejig, sikile pengkor, awake ambune arum jamban, wis ora ana apike babar pisan kok ya nyalonake dadi ketua kelas, mung ngendelake wong tuwane sing sugih brewu. Eh ora pareng ngandha wong liya mundhak dadi ora apik, tur maneh awake dhewe durung mesthi luwih apik saka dheweke. Muga-muga ben Wijaya Putra besuk bisa mimpin kelas iki kanthi apik. bisa dadekake kelas iki apik ing sekolah,sokur bae bisa nggawa jeneng sekolah ana ing tingkat kecamatan, kabupaten apadene nasional.

JAWABAN:

9.A.Ketua kelasku

10.B.Wijaya Putra

11.C.Blalak-Blalak

Jangan lupa jadikan jawaban terbaik! ヾ(^-^)ノ

Thank You!