Salinana nganggo boso ngoko. 1. ibu tindak peken mundhut jeram. 2. bapak mboten remen nitih montor. 3. panjenengan mundhut sepatu wonten pundi? 4. simbah gerah sampun setunggal minggu. 5. benjang punapa bapak tindak dhateng surabaya?

Posted on

Salinana nganggo boso ngoko. 1. ibu tindak peken mundhut jeram. 2. bapak mboten remen nitih montor. 3. panjenengan mundhut sepatu wonten pundi? 4. simbah gerah sampun setunggal minggu. 5. benjang punapa bapak tindak dhateng surabaya?

Jawaban:

➡️ Ibu tindak peken mundhut jeram → ibu menyang pasar tuku jeruk.

➡️ Bapak mboten remen nitih montor → bapak ora seneng numpak montor.

➡️ Panjenengan mundhut sepatu wonten pundi? → kowe tuku sepatu ing ngendi?

➡️ Simbah gerah sampun setunggal minggu → Simbah lara wis seminggu.

➡️ Benjang punapa bapak tindak dhateng Surabaya? → Sesok nyapa bapak mangkat menyang Surabaya?

===========>> <<===========

Jinise basa ana 2 yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko dibedakake dadi 2 yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Basa krama uga dibedakake dadi 2 yaiku krama lugu lan krama alus.

Basa ngoko lugu

Basa ngoko lugu yaiku basa kang ora kecampuran tembung-tembung krama alus, isih wutuh nggunakake tembung-tembung ngoko kabeh.

Panganggone ngoko lugu:

  • Ing antarane sapepadhane
  • Karo wong sing drajade luwih asor
  • Wong tuwa marang bocah
  • Bocah sing durung ngerti tata krama
  • Wong guneman dhewe

Basa ngoko alus

Basa ngoko alus yaiku basa kang wis kecampuran tembung-tembung krama inggil tumprap wong sing dijak guneman ater-ater lan panambang ora melu dikramakake.

Panganggone ngoko alus:

  • Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni
  • Wong enom marang wong tuwa sing wis raket
  • Ngajeni wong sing dijak guneman

Basa krama lugu

Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge lugu (krama kabeh) lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumprap wong sing dijak guneman.

Panganggone krama lugu:

  • Krama lugu katujokake kanggo wong sadrajad sing durung raket

Basa krama alus

Basa krama alus yaiku basa kang tembung-tembunge alus tumprap wong sing dijak guneman.

Panganggone krama alus:

  • Wong enom marang wong tuwa
  • Bocah marang wong tuwa utawa putu marang simbah
  • Murid marang gurune
  • Pegawe marang pimpinane/dhedhuwurane

===========>> <<===========

Detail Jawaban:

  • Mapel : B. Daerah
  • Kelas : 7
  • Materi : Unggah Ungguh Basa
  • Kode soal : 13

#Belajarkuy