Contoh geguritan tema kenakalan remaja
Narkoba
Jelas iki ngrusak generasi mudha
wong tuwa dalah para sing wis diwasa
Becik sing padha prayitna lan waspada
Awit iki kejaba nerak paugerane agama
Uga dadi laranganing negara
Kejaba kuwi ngemana angga priyangga
Elingo yen kuwi tumindak maksiyat
Bathine mung akhlak bejat
Yen kekerepen teler bisa sekarat
Sidane yen wis nggathok nyawane gampang oncat
Oh Narkoba….sing wis nyecep jare kaya dibandul
Ya kuwi wiwitane sing marahi urip amburadul
Duwit sedhiyan belonjo…sekolah…kabeh entek madhul-madhul
Yen wis gusis tindak dudu, ontran ontran bakal njedul
Yo kuwi bathine wong mlicur sing seneng ngekep dhengkul
Senenge ubyang ubyung karo wong mbregudul
Playune mung dha neng omben-omben sing saka gendul
Rumangsa gagah yen teler ngani lali lor kulon wetan lan kidul
Ngerti-ngerti wes dirangket pulisi sirahe dha di gundhul
Oh ya syukur…nek wis ngene iki, karo sopo kowe wadul?