Tembung-tembung sing dicithak kandel jroning ukara ing ngisor iki

Posted on

golekana lingganel
1. Aku kepengin banget ngrasakake masakane ibumu.
'ngrasakake" saka tembung lingga
2. Olehmunggoleki bukune adhikmu mau apa wis ketemu?
"nggoleki" saka tembung lingga
3. Bocah-bocah padha ngumbulake layangan ing lapangan.
"ngumbulake" saka tembung lingga
4. Kancamu kuwi yen mangan kok nyenengake banget.
"nyenengake" saka tembung lingga..
5. Menawa ngresiki lemariku kudu sing ngati-ati.
"ngresiki" saka tembung lingga
6. Bocah-bocah padha nggatekake pamulangan kanthi becik.
"nggatekake" saka tembung lingga
7. Yen nyangoni adhikmu aja akeh-akeh lo!
"nyangoni" saka tembung lingga
8. Olehmu ngunekake radhio mambengi rada kebanteren.
"ngunekake" saka tembung lingga nganggo
9. Kayune sing dawa kuwi kudune ditaleni dhisik.
"ditaleni" saka tembung lingga
10. Dheweke mau satekane ngomah langsung bablas turu.
"satekane" saka tembung lingga​

Tembung-tembung sing dicithak kandel jroning ukara ing ngisor iki

Wangsulan

>> Tembung lingga :

  1. Rasa (ngrasakake = ng- + rasa + -ake)
  2. Golek (nggoleki = ng- + golek + -i)
  3. Umbul (ngumbulake = ng- + umbul + -ake)
  4. Seneng (nyenengake = ny- + seneng + -ake)
  5. Resik (ngresiki = ng- + resik + -ake)
  6. Gatek (nggatekake = ng- + gatek + -ake)
  7. Sangu (nyangoni = ny- + sangu + -i)
  8. Uni (ngunekake = ng- + uni + -ake)
  9. Tali (ditaleni = di- + tali + – i)
  10. Tekan (satekane = sa- + tekan + -e)

Penjelasan

a. Tembung Lingga

Tembung lingga iku tembung kang durung owah saka asale. Tegese durung owah iku durung diwenehi ater-ater, seselan, panambang, lan pangrangkep.

  • Tuladha : tulis, dolan, jaluk, gambar, takon, turu, pacul, adus, ukur, padhang, lsp.

b. Tembung Andhahan

Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag.

Ater-ater (awalan)

1. Ater-ater anuswara

» Tuladhane :

  1. ny + sapu → nyapu
  2. n + tulis → nulis
  3. ng + langi → nglangi
  4. m + pacul → macul

2. Ater-ater tripurusa

» Tuladhane :

  1. dak+tulis → daktulis
  2. kok+pangan → kokpangan
  3. di+pancing → dipancing

3. Ater-ater liyane

  1. satus → sa + atus
  2. panulis → pa + nulis
  3. pituduh → pi + tuduh
  4. kapidek → ka + pidek
  5. kumawani → kuma + wani
  6. kamitenggeng → kami + tenggeng
  7. manepi → ma + nepi

2. Seselan (Sisipan)

» Tuladha :

  1. gayuh + -in- → ginayuh
  2. gedhe + -um- →gumedhe
  3. kelip + -er- → kerelip
  4. kepyur + -el- → kelepyur

3. Panambang (Akhiran)

» Tuladha :

  1. sepatu + -ku → sepatuku
  2. kursi + -mu → kursimu
  3. sega + -e → segane (*dudu segae)
  4. tulis + -an → tulisan
  5. suwek + -i → suweki
  6. tuku + -a → tukua
  7. sapu + -na → sapokna (*dudu sapuna)
  8. tali + -ana → talenana (*dudu taliana)
  9. garap + -en → garapen
  10. gawa + -ake → gawakake (*dudu gawaake)

» DETAIL JAWABAN «

Mapel : Bahasa Jawa

Kelas : 7

Materi : Piwulang 2 – Jenising Tembung

Kata Kunci : Tembung lingga, Tembung andhahan

Kode Soal : 13

Kode Kategorisasi : 7.13.2

—————————–

Semoga membantu.