Kasebataken titikanipun cariyos pengalaman ingkang sae
Jawaban:
Supados anggènipun cariyos pengalaman punika saé, prayogi migatosaken ing andhap punika:
Penjelasan:
- Cariyos bab pengalaman punika tegesipun nyariyosaken pengalaman ingkang boten saged dipunsupèkaken.
- Ukaranipun prasaja lan cetha
- Tembung-tembungipun gampil dipun mangertosi.
- Lagunipun ingkang cetha lan saged milah-milahaken frasa-frasa (kelompok kata). Dados pangucapipun boten satembung mbaka satembung, pilihaning tembung ingkang nengsemaken.
- Anggènipun cariyos dipunkanthèni solah bawa lan polatan (mimik) ingkang trep kaliyan ingkang dipuncariyosaken.
- Gampil dipunmangertosi topikipun cariyos.
- Nalika guneman pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangu-mangu (ragu-
ragu). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a/o;
t/th;d/dh; è/e/é, lan sapanunggilipun. - Iramanipun tiyang cariyos saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang mirengaken. Sora utawa lirihing swanten dipunlarasaken kaliyan isinipun cariyos. Cariyos kanthi tèma perjuwangan anggenipun matur kedah sora, semangat. Beda kaliyan ngaturaken cariyos ingkang isinipun nembé nandhang kasusahan, kacilakan mesthi kedah alon, lirih, sarèh.
- Obahing salira lan pasuryan (rai) kedah luwes (boten kaku)
- Wirasa dipunjumbuhaken kaliyan isinipun cariyos upamanipun: muntab, gumbira, susah, kuciwa, wibawa, getun,lan sapanunggilipun.
- Pasemon kanthi langsung, cariyos pengalaman ngaturaken bab-bab kanthi langsung inggih punika ngaturaken satunggaling bab ingkang ngemot teges trep kaliyan kadadosanipun.