Pidato perpisahan kelas 9 dalam bahasa jawa

Posted on

Pidato perpisahan kelas 9 dalam bahasa jawa

PERPISAHAN SISWA KELAS IX

Nuwun , panjenenganipun Bapak Kepala
ingkang dhahat kinurmatan. Para tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha
karyawan ingkang kula urmati. Sederek kula siswa kelas IX lan
kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Kanthi rahmating Gusti ingkang
Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan karaharjan
saha kawilujengan, saengga kita sedaya saget makempal wonten ing aula
SMP N 4 Surakarta kanthi wilujeng nir ing sambikala.

Minangka
wakil saking siswa kelas VII lan VIII, ingkang sepisan kula ndherek
bingah dene sedherek kula kelas IX sedaya sampun kasil anggenipun
ngangsu kawruh lan ngrampungake kewajibanipun wonten ing pawiyatan
menika.

Kaping kalihipun, kula ugi ngaturaken gunging panuwun
awit sedherek kula kelas IX sampun paring pambiyantu, bimbingan saha
pitedah, wewarah babagan ngelmu, katrampilan, kawasisan menopo kemawon
dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing manah. Kula bonten saged
ngaturaken piwales saking Gusti Allah ingkang trep kaliyan kesaenan
panjenengan wau.

Boten kesupen, kula sakanca ugi tansah ndedonga,
mugi-mugi sedherek kula kelas IX salajengipun saget katampi ing
pawiyatan ingkang sae lan dipunremeni, dadosa manungsa ingkang migunani
tumrap bangsa, agami lan negari.

Minangka panutuping atur , kula
sakanca nyuwun pangapunten, menawi sadangunipun srawung kaliyan sedherek
kula kelas IX kathah atur saha tindak-tanduk ingkang kirang mranani
penggalih panjenengan sedaya. Kula minangka wakil kelas VII,VIII nyuwun
agenging pangapunten. Nuwun.