Tulong bantu jawab donk kak​

Posted on

Tulong bantu jawab donk kak​

Tulong bantu jawab donk kak​

Ngowahi ukara dadi basa Krama.

1. Bapak Karo ibu lagi lunga menyang Semarang.

➡️ Bapak kaleh ibu saweg kesah ten Semarang.

2. Bapak lagi maca koran karo ngrungokake radiyo.

➡️ Bapak saweg maos koran kaleh mirengake radiyo.

3. Ibu lunga pasar arep tuku beras.

➡️ Ibu kesah ten peken badhe tumbas uwos.

4. Sawise adus bapak nonton tv

➡️ Saksampune siram bapak ningali tv.

5. Mbakyuku seneng mangan sega goreng.

➡️ Mbakyu kula remen nedha sekul goreng.

6. Dek wingi simbah teka nang omahku nggawa oleh oleh.

➡️ Kalawingi simbah dugi ten griya mbektha oleh oleh.

7. Saiki wis jam 19.00, wancine bocah sekolah padha sinau.

➡️ Sakniki mpun jam pitu (7) dalu, wancine lare sekolah sinau.

8. Yen tangga teparo lagi padha turu, becike yen guneman aja seru seru.

➡️ Menawi tanggi teparo saweg sami tilem, saene menawi guneman mpun seru seru.

9. Kangmas arep lunga ngendi?

➡️ Kangmas badhe kesah ten pundi?

10. Kepriye kabare sedulurmu, sing ana Jakarta?

➡️ Pripun pawartose sedereke, ingkang wonten Jakarta?

Pembahasan

Unggah-ungguhing basa umume kaperang dadi loro, yaiku: Basa ngoko lan basa krama.

Basa ngoko

  • Yaiku basa sing basane nggawe ngoko kabeh. Basa ngoko cacahing ana 2, ngoko lugu lan ngoko alus.

Basa krama

  • Yaiku basa sing basane nggawe basa krama. Basa krama cacahe uga ana 2, yaiku krama lugu lan krama alus.

Detail Jawaban

Mapel: B. Daerah

Kelas: Vll

Materi: Unggah-ungguhing basa

Kode: 13