Ayo Ngopeni Sumber Banyu

Posted on

Banyu mujudake kebutuhan pokok tumrap samubarang urip. Mula banyu diarani sumber panguripan. Banyu sing dibutuhake kudu resik, ora kena limbah pabrik uga pomahan. Sumber banyu kang aran tuk, lan uga kali, saiki wis akeh sing asat umarga wit-witan kang mujudake panggonan nyimpen banyu ing oyot-oyot wis entek ditegori. Banyu kali uga wis ora resik maneh jalaran digunakake kanggo ngguwang uwuh- uwuh, imbah pomahan, uga limbah pabrik Mula supaya ora kekurangan banyu resik, ayo ngopeni sumber banyu sarana nandur wit- witan ing sakiwa tengene sumber. Aja ngguwang uwuh, lan limbah ing kali. Sumber banyu perlu diopeni supaya ora nganti asat lan mati.

1. Klebu wacan apa, teks wacan ing dhuwur iki?
2. Wacan persuasi isine …. sing maca​

Ayo Ngopeni Sumber Banyu

1. Klebu wacan apa, teks wacan ing dhuwur iki? Teks Persuasi

2. Wacan persuasi isine ngajak sing maca.

__________________________

Pembahasan

Teks persuasi yaiku teks sing tujuwane kanggo ngajak wong liya supaya nindakake pamikiran tertamtu.

Ciri-ciri utawa titikane teks persuasi:

  1. Anane pengaruh utawa himbauan marang pamaca.
  2. Paragrap kasusun saka ukara kang nyertakake alasan kang kuat lan fakta utawa asli.
  3. Isi paragrap digunakake kanggo ngyakinake pamaca.
  4. Akeh banget tembung-tembung kang asipat ngajak, tuladha = ayo, mari, lakukanlah, lan liya-liyane.
  5. Bisa momotan ukara larangan, kayata = aja.

Miturut teks ing dhuwur, paragrap sing momotan unsur ukara kang ngajak-ajak yaiku:

  • Judule wis momotan ukara ajakan (Ayo Ngopeni Sumber Banyu).
  • Ayo ngopeni sumber banyu sarana nandur wit- witan ing sakiwa tengene sumber!
  • Aja ngguwang uwuh, lan limbah ing kali !

Detail Jawaban

Mata Pelajaran: B. Daerah

Kelas: V SD

Materi: Jinis-jinising teks

Kode: 13

Jawaban:

1) Persuasi

2) ngajak

Penjelasan:

Wacan ing duwur kelebu wacan teks persuasi. Apa sing diarani teks persuasi?. Teks persuasi yaiku teks sing menyakinkan sing maca eben tertarik sing diwaca penulis. struktue teks persuasi yaiku pengenalan isu, rangkaian argumen, pernyataan ajakan, lan penegasan kembali

Detail

Mapel: Bahasa Daerah

Materi: Teks Persuasi

#Semoga bermanfaat dan membantu

●▬▬๑۩۩๑▬▬●

░Prusmantex34░

●▬▬๑۩۩๑▬▬●