Bangjo” yaiku salah siji jenise tembung…. *

Posted on

A.saroja
B.entar
C.garba
D.dasanama

tolong segera dibantu soalnya dikumpulkan hari ini

Bangjo” yaiku salah siji jenise tembung…. *

Jawaban:

Bangjo yaiku salah sijine tembung C. Garba. Tembung bangjo iku saka tembung abang+ijo

Penjelasan:

· Tembung saroja yaiku tembung loro kang pada utawa meh padha tegese banjut digawe bebarengan.

Tuladha tembung saroja:

– Abang mbranang

– Adhem ayem

– Babak belur

-Edi peni

– Cacah rucah

– Gagah prakosa

lan liya-liyane

· Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda saka asal-usule.

Tuladha tembung entar:

– Abang kupinge=nesu banget

– Bening atine=sumeh

– Cilik atine=kuwatir/wedian

– Dadi gawe=ngerepotake

– Entheng tangane=seneng tandang gawe

Lan liya liyane

· Tembung Garba yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji.

Tuladha tembung garba:

– aneng=ana+ing

-maharja=maha+raja

-narpati=nara+dipati

-sinom=isih+enom

-wirotama=wiro+utama

Lan liya-liyane

· Tembung dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha.

Tuladha tembung dasanama:

-alas=wana,wanadri,jenggala

-dhewe=piyambak,pribadi,priyangga

-gawe=yasa,karya,kardi,karti

-getih=rah,ludira,rudira

-kebo=maesa,misa,mudhing

Lan liya-liyane

Semoga membantu, maaf jika ada yang salah.