Buat lah Geguritan (judul bebas)minimal 4 paragrafTolong bantu jawab ya :)​

Posted on

Buat lah Geguritan (judul bebas)minimal 4 paragrafTolong bantu jawab ya :)​

Ciri-Ciri Geguritan

Ciri-ciri geguritan antara lain:

Ora kawengku ing pathokan (Tidak terikat dengan aturan sastra)

Migunakake tembung-tembung pilihan (menggunakan kata-kata bahasa jawa pilihan)

Cacahe larikan ora katemtokake (Jumlah baris tidak ditentukan)

Dudu basa padinan (Tidak menggunakan bahasa jawa yang biasa dipakai sehari-hari)

Arang- arang migunakake tembung pangiket (Jarang menggunakan kata-kata yang baku)

Sawetara nggunakake tembung kawi (Kebanyakan menggunakan kata-kata bahasa jawa kuno)

Isine mentes (Isinya mengandung makna)

Trakadhang nggunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra (Terkadang menggunakan keteraturan bahasa, suara dan sastra)

Geguritan Tema Pendidikan

Kalau kamu mencari contoh geguritan Bahasa Jawa tema pendidikan atau geguritan Bahasa Jawa tentang guru, kami berikan beberapa contohnya di bawah ini:

Guruku Oborku

Kadya ron garing

Kumleyang kabur kanginan

Ing jagat peteng lelimengan.

Krasa luwih abot

Anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

Mlakuku ora mantep.

Kagubet ribet lan ruwet

Adoh saka cahyamu

Pedhut ing sakindering pandulu

Panjenengan.

Guruku, sihku, oborku

Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.

Panguwasa Lacut

Ilang siji mbaka siji kaendahan bangsaku

Rasa mikul dhuwur mendem jero kaya dianggep ora cocok maneh

Yen rumangsa bener lan pener coba madheg dadi panguwasa

Seneng banget ngobral surasa kang kebak apatis

Iki negarane sapa?

Iki bangsane apa?

Yagene obral omongan ala

Yagene kaya wes paling akeh bektine marang negarane

Yagene mung bisa ngumbar surasa basa nanging ora bisa paring solusi.

Hyang Baskara

Banyu telaga akinclong-kinclong

Kataman cahyaning Hyang Baskara

Sliwering manuk kang golek ijon

Kumelap angrengga pesawangan

Nanging sawuse surup srengenge

Gambar ing telaga ilang musna

Peteng sepi samun ing wengi.

Padhang-petenge atining manungsa

Abang birune gumantung karsane Gusti.

Getun Geduwung

Getun

Pancene mapan ing mburi

Tumindak sadengahe nglakoni urip

Nemu bilahi, ngemu rubedhaning lelakon

Kudu tinampa kanthi legawa.

Getun

Ojo kanggo gawe paitan

Nggresula mecaki urip

Ananging dadi sranane

Mawas diri pribadi

Anambah ngabekti mring ywang Widhi

Supaya enggal luar saka bebaya

Lan antuk pangapuran saka kersane.

Getun

Ora kanggo mungkasi urip

Sing wis diparinge Gusti

Lan luwoh ngati-ati anggone

Lumaku sajeroning jagat

Dimen ora tuwuh keduwung ing urip.

Tirakatan

Jare tirakat

Lho

Kok malah pada remi

Lho

Pojok kono remi

Lho

Sisih kono dangdutan

Lho, wiraneme

Malah ngedep botolan

Aku malah bingung

Apa yo tiraka kui

Nek ngendikane simbah..

Jare prihatin

Manekung marang Gusti

Nyepi selo rame

Yoo yooo

Tak tinggal, nyngkir wae.

semogamembantu

ALL