Buatlah ceriata wayang dengan mengunakan bahasa jawa

Posted on

Buatlah ceriata wayang dengan mengunakan bahasa jawa

Jawaban Terkonfirmasi


Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana
ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi
karo Rama.


Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis.
Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe
Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke
iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali
mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan
wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali,
Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji
Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi 
Raja maneh ing Guwakiskendha.





Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo
mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya
nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka.
Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong
nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba
taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.





Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh
karo Nglengka.

Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya
balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka
akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta
bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga
dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur
ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa
ala tumrap garwane.