Buatlah cerita lucu dengan aksara jawa

Posted on

Buatlah cerita lucu dengan aksara jawa

Jawaban Terkonfirmasi

Cacahan aksara jawa 

Lik Paijo  : Kang, mbiyen kowe tau sekolah opo ora?
Kang Sun : Yo sekolah no, lha terus ngopo, Lik sampean ndadak takon ngono barang ki?
Lik Paijo  : Ono pelajarane Bahasa Daerah opo ora, Kang?
Kang Sun : Ono, pelajaran Bahasa Jawa…
Lik Paijo  : Saiki aku tak takon…tak nggo ngetes daya ingatmu!
Kang Sun : Wahhh…ngece …!!!
Lik Paijo  : Iki mung kanggo mesthekke kowe ki bener – bener melu sekolah tenan opo ora.
Kang Sun : Iyo…kono, gih!
Lik Paijo  : Aksara Jawa iku cacahe ono piro, Kang?
Kang Sun : Cacahe ono 20, Lik…rak yo bener to?
Lik Paijo  : Iyo,bener…nek saumpomo aksara jawa iku dijupuk 9 kari piro?
Kang Sun : Ora sekolaho nk iso itung – itung mesthi njawabe kari 11 to, Lik!
Lik Paijo  : Wahhh…berarti kowe yo termasuk wong sing ora iso itung – itung, Kang.
Kang Sun : Lha kok iso?
Lik Paijo  : Kudune ki yo sih 18 ora 11…
Kang Sun : Nalar ko ngendi iku?
Lik Paijo  : Aksara Jawa iku cacahe 20, nek dijupuk aksara Sa lan Nga, rak yo kari 18 to, Kang?
Kang Sun : O alaaahhh….
Lik Paijo  : Iyo opo ora?
Kang Sun : Iki ki jan jane sing ra tau sekolah sopo to yo yo?
Lik Paijo  :  Lho malah…iyo opo iyo?
Kang Sun : Iyo iyo..ncene ngepasi pelajaran kuwi aku ra mangkat, dadine ora ngerti.
Lik Paijo  : Bhahahahahaha….!!!
Kang Sun : Semprul tenan…