Buatlah geguritan dg tema ngadohi narkobadlm bahasa jawa

Posted on

Buatlah geguritan dg tema ngadohi narkobadlm bahasa jawa

Jelas iki ngrusak generasi mudha
Wong tuwa dalah para sing wis diwasa
Becik sing padha prayitna lan waspada
Awit iki kejaba nerak paugerane agama
Uga dadi laranganing negara
Kejaba kuwi ngemana angga priyangga
Elinga yen kuwi tumindak maksiyat
Bathine mung akhlak bejat
Yen kekerepen teler bisa sekarat
Sidane yen wis nggathok nyawane gampang oncat

Oh narkoba… sing wis nyecep jare kaya dibandul
Ya kuwi wiwitane sing marahi urip amburadul
Dhuwit sedhiyan blanja… sekolah… kabeh entek madhul-madhul
Yen wis gusis tindak dudu, ontran-ontran bakal njedul
Ya kuwi bathine wong mlincur sing seneng ngekeb dhengkul
Senenge ubyang-ubyung karo wong mbregudul
Playune mung dha neng omben-omben sing saka gendul
Rumangsa gagah yen teler ngani lali lor kulon wetan lan kidul
Ngerti-ngerti wis dirangket pulisi sirahe dha di gundhul
Oh ya syukur… nek wis ngene iki, karo sapa kowe wadul?

Narkoba iku dosa kita harus punya rasa tanggung jawab mangkane ojok ngelakukake narkoba