Buatlah pidato atau sambutan panitia memperingati Hari Sumpah pemuda menggunakan bahasa Jawa​

Posted on

Buatlah pidato atau sambutan panitia memperingati Hari Sumpah pemuda menggunakan bahasa Jawa​

Jawaban:

Assalamu’alaikum Wr Wb

Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guru saha kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani.

Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur maran g Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah.

Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangka kagem ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda.

Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining prastawa skral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg.

Wondene isi Sumpah Pemuda inggih menika :

1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia

2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia

3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia

Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep-arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera.

Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan bangsa.

Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda.

Santen parutan klapa

Cekap semanten atur kula

Numpak sepur nggawa tali

Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur

Kula nyuwun agunging pangaksami

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Penjelasan:

Semoga membantu